Sabtu, 07 Januari 2012

PIDATO

 
Pidato

Assalamu’alaikum wr. wb.


                Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak/Ibu Guru ingkang kula hurmati, rencang saha adik – adik ingkang kula tresnani.


                Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun angluberakenrahmat sarta hidayah. Dene kula panjenengan sami saged makempal wonten ing papan punika kangge ngawontenaken pepisahan.


                Bapak/Ibu Guru ingkang satuhu kinurmatan, boten kantun kula minangkani wakilipun murid kelas 9 ngaturaken agunging panuwun awit saking sih katresnan Bapak/Ibu guru nggulawenthah lan mulang wuruh dhumateng kawula, saengga kawula saged ngrampungaken sekolah sadangunipun kirang langkung 3 tahun.


                Bapak/Ibu guru tuwin adik – adik ingkang satuhu kula hurmati, sekedhap malih kula sarencang ninggalaken pawiyatan punika. Awrat anggen kula matur kados pundi raosipun nilar Bapak/Ibu guru saha adik – adik. Namung kawontenan kedah mekaten, pramila kepeksa kula sakanca nilaraken Bapak/Ibu guru saha adik – adik sedaya.


                Makaten atur kawula, inggih punika sepisan ngaturaken panuwun, lan ingkang kaping kalih nyuwun pamit badhe nilaraken pawiyatan.


                Kula sarencang kelas 9 tansah nyenyuwun lan ndedonga mugi adik – adik sageda hasil anggenipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan punika.


                Boten kantun ugi kula sakanca tansah memuji dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, supados Bapak/Ibu guru saha adik – adik pikantuk rahmating pangeran, wilujeng boten wonten alangan satunggal punapa.


                Kula kinten boten prayogi menawi atur pamitan punika kula pepanjang, pramila cekap semanten atur kula, bokmenawi wonten klenta – klentunipunkula nyuwun agunging pangaksami.


Wassalamu’alaikum wr. wb.